Jenengku Cuaca, Aku duwe jeneng akeh. Jenengku bakal ganti nalika mangsa gumanti. Ayo, tetepungan karo aku!
Laras mangkel amarga Ibu kerep ngolah jenang. Anggepe Laras, jenang iku panganan bayi. Laras milih nderek bulek nuning. Karepe supaya bisa jajan ing Car Free Day. Jebul neng kana nembe ana Festival Jenang. Laras gumun weruh wong akeh mangan jenang. Bulik Nuning Mundhutake takir kanggo laras. Isine jenang manika warna. Laras gelem jenang iku apa ora, ya?
Lastri lan Ajeng ajar miru lan jarikan. Sakarone pengen melu lomba Hari Kartini. Lastri yakin yen dheweke bisa. Dheweke kulina weruh Eyang Nani ngagem jarik. Jebule miru lan jarikan ora gampang. Ora gampang koyo le dibayangke lastri. Kaya ngapa gayeng'e Lastri lan Ajeng nalika jarikan?
Eyang Kakung ngirim iwak pe menyang kutha liya. Bab iki ndadekake Aji penasaran. Eyang Kakung banjur ngajak Aji. Ngajak menyang panggonan pengasapan iwak. Apa wae pikolehe Aji saka panggonan pengasapan iwak?
Sapa sing ngerti topeng kertas tradhisional? Kae, lho, sing digawe saka bubur kertas. Kaya ngapa wujude? Ayo. diwaca cerita iki!
Sequ wedi lunga menyang Karang Taka. Ing kana akeh iwak gedhe sing medeni. Ibu ngendika menawa Sequ duwe gaman wadi. Wah, gaman apa kuwi? Apa gaman kuwi bisa nylametake Sequ saka bebaya?
Dhug, dhug, dhug. Ana swara aneh saka alas. Aji wedi. Dheweke kudu nggoleki Jalu ing kana. Dhug, dhug, dhug. Swara apa kuwi, ya? Ayo, sapa le wani ngancani Aji?
Apa kowe pada ngerti laler? Laler kuwi kewan sing seneng runtah. Lulu duwe warung sayur. Akeh laler sing mlencok neng nduwur sayuran. Banjur keprimen carane Lulu nggusah laler? Yuk, diwaca pengalamane lulu!
Taman cedhak omahe Abiyyu reged. Abiyyu ngajak kanca-kancane njupuki sampah. Abiyyu sakanca ngumpulake sampah- sampah plastik. Kira-kira, kanggo apa sampah plastike, ya?