Adit diajak dolanan prau dening adhine. Nanging praune Adit rusak. Kepriye, ya? Apa Adit sida balapan prau? Cerita sambunge ana ing buku iki. Yuk, diwoco ceritane!
Badhak sangu gethuk lindri pas arep sinau kelompok. Dheweke nggawa gethuk papat. Siji kanggo dhewe, sing telu kanggo kancane. Nanging jebul kancane sing teka ana papat. Wah, kepriye Badhak mbage gethuke? Waca ceritane ing buku iki, ya!
Sesuk arep ana takiran. Rumi dikongkon ngrewangi Ibu gawe takir. Nanging takire Rumi wujude ora pada karo sing diconthoni Ibu. Banjur kepriye, ya?
Banyu lagi kepengin dolan.Nanging ora ana batire.Dheweke malah diajak gawe senthir nang Mbah Kakung. Wah, kaya apa iku? Jajal wacanen caritane Banyu ing buku iki!
Laras arep gawe srabi Banjarnegara. Ning, pewarna ijone malah dienggo dolanan adhine. Banjur pewarna ijone digenti apa, ya?
Odi njujugi grontol kanggo Lulu. Ning, Lulu lagi lara untu. Lulu ora bisa mangan sing atos-atos. Odi ngrasa melas. Apa sing bakal ditindakna Odi? Waca bae buku kiye, ya!
Tukik kepengin ketemu batir-batire. Dheweke kudu maring segara. NIng, ora gampang nggoleti batir. Akeh palangan sing kudu delewati tukik. Apa Tukik kasil ketemu batir-batire? Waca critane nang buku kiye bae.
Dodo dodolan wiji-wijian nang warunge. Warunge rame sing tuku. Ora sengaja, Dodo ngrusakna timbangan. Banjur kepriwe Dodo goli nimbangi dodolane? Wacanen crita kiye bae, yuh!
Ibune Laras arep rewang nang wong sing duwe gawe. Laras didhawuhi momong Nino, adhine. Ning, Nino dudu bocah biyasa. Nino bocah istimewa. Kepriwe carane Laras momong Nino? Maca crita kiye, yuh!
Oti duwe tangga anyar. Ning tangga anyare kuwe ora tau srawung. Umahe rapet terus. Kenang apa, ya? Waca bae ceritane nang buku kiye, yuh!