Santi kepengin melu lomba nembang Jawa. Nanging bingung, basa Jawane ora lancar. Santi banjur sinau lumantar Youtube. Nalika kalah, Santi ora gela. Jalaran saiki luweh pinter nembang Jawa.
Wong omah lagi padha ubet. Nyepakake uba rampe Tedhak Sitene Adhik. Kinar kepengin ngewangi. Ngewangi apa, ya?
Damar anyel mergo wurung plesir menyang Yogya. Dheweke malah nyekseniprayaan ing desane Kakung. Sajroning acara, Damar katon ubreg dhewe. Ana apa, ya?
Menikarep menyang Festifal Dhugderan karo kanca-kancane. Nanging, Ibu lali maringi sangu. Kamangka, Menik kudu urunan mbayar angkutan. Dheweke uga kepengin jajan lan tuku dolanan. Banjur kepriye?
Mbak Isah ngajak Tia menyang pasar.. Jarene, pasare iki beda. Amarga dumunung ing njero alas pring. Sarana mbayare nggunakake tataln pring. Tia dadi kepengin ngerti. Pasar apa iki, ya?
Simbah pancen wis sepuh. Mula, kerep kleru mastani putu-putune. Mawar diceluki Melati lan Melati diceluk Mawar. Sakloron banjur golek cara supaya simbah kemutan. Kepriye carane, ya?
Sasi kepengin kekancan karo Nero. Nanging, Nero katon ora seneng. Dumadakan, Nero tulung-tulung. Ana apa, ya? Apa sing kedadeyan karo Nero?
Rayi kepengin ngewangi Bapak mbasmi ama tikus ing sawah. Nanging, Aji, adhine, meksa arep melu. Rayi sumelang menawa Aji bakal ngribedi. Apa Rayi bisa ngewangi Bapak uga njaga adhine? Kepriye carane?
Labu bingung amarga wis ngilangake gelange ibune sing aji banget. Dheweke banjur golek oyot alang-alang kanggo ngganti gelange ibune. Nalika arep mulih, Labu kesasar amarga alas Merbabu kobongan. Labu kudu golek dalan liyane. Banjur, apa Labu bisa nemokake dalan mulih?