Hege sedhih. Dheweke uga ora pitaya karo awake dhewe. Pirang-pirang dina iki Hege kerep ndhewe.Dheweke mbandhingake wulune karo wulune Piko.Wulune landhep kaya eri. Beda karo wulune Piko kang endah kaya tepas raseksa. Ngendikane Bapak, wulune Hege istimewa. Apa istimewane wulune Hege?
Lombi, uwit lombok, ora seneng ditandur nang cedhake Zena, uwit jagung. Nyatane, Zena kerep nulungi Lombi. Apa bae kabecikane Zena marang Lombi? Ayo, gatekna crita pasedulurane Lombi lan Zena!
Pipit sedhih. Neng ngendi maneh dheweke arep golek pangan? Njupuk beras neng tokone Pak Joko mesthi digusah. Kumangka, berase kuwi isih akeh. Kenang apa Pak Joko kandha kuwi beras larang?
Lizy seneng banget. Dheweke nemu ali-ali apik. Ali-ali kuwi dienggo neng buntute. Nanging, apa dadine? Apa Lizy isih gelem nganggo ali-ali maneh?
Sequ wedi lunga menyang Karang Taka. Ing kana akeh iwak gedhe sing medeni. Ibu ngendika menawa Sequ duwe gaman wadi. Wah, gaman apa kuwi? Apa gaman kuwi bisa nylametake Sequ saka bebaya?