Sunu weruh kenthongan ning pirang-pirang panggonan. Ana ning bakul sega goreng ider. Ana ning pos rondha karo ning sekolahan. Ana kenthongan tabuhan sing digawa Mas Alit. Deneng monine sejen- sejen?
Atik weruh Ibu maringake jelantah marang Bu Toto. Jelantahe kuwi arep kanggo apa ya? Bu toto dodol gorengan, Atik dadi cubriya. Aja-aja jelantahe kanggo nggoreng maneh. Nanging, apa bener? Atik arep nyelidhiki dhewe!
Seto karo Arum rampung nglumpukake godhong-godhongan. Godhong-godhongan arep kanggo pangan wedhuse. Nanging, karunge dadi abot banget. Seto banjur golek cara supaya entheng nggawane. Kepriye carane, ya?
Atik lan Banu kangelan nggarap PR amarga dirusuhi laron. Atik banjur golek cara kanggo nggusah laron saka omahe. Nanging, Atik ora ngira yen laron ing teras omahe iku akeh banget cacahe. Atusan! Apa malah ewon? Kira-kira bisa apa ora Atik lan Banu nggusah laron-laron kuwi, ya?
Mulih sekolah Eko, Indri, lan Didik mampir kebon jagunge Mbah Min saperlu arep dolan. Nanging, Mbah Min katon duka. Kenang apa, ya? Jebulane merga tanduran jagunge padha dipangan walang. Bisa-bisa ora sida panen. Eko lan kanca? kanca banjur golek cara kanggo ngrewangi Mbah Min. Kira-kira apa sing ditindakake bocah-bocah iku?
Simbah mundhutake Danang blangkon. Saking bungahe, Danang nganggo blangkone menyang ngendi wae. Nanging, blangkone ilang nalika kanggo rebutan kanca-kancane. Banjur, ana ing endi blangkone Danang?