Wadhah runtah nang ngarep umahe Yanto karo Maman belok tur mambu. Nang kono Yanto weruh blatung, nek Maman weruh uler. Sekarone keweden. Yanto karo Maman gumun, wadhah runtahe Pak Bimo resik tur ora mambu. Kenang apa teyeng kaya kuwe? Ana apa karo runtahe Pak Bimo?
Apa kowe padha wedi meng uler? Uler ketone nggigoni. Nanging, dheweke arep owah dadi kupu. Kepriwe uler teyeng dadi kupu? Yuh, ndeleng owah-owahane bentuk uler!
Apa kowe padha ngerti rasane mendoan? Apa kowe padha ngerti rasane saos kacang? Apa kowe padha ngerti rasane sambel kecap? Kepriwe nek telu-telune dikebulna? Rasane kaya ngapa, yah?