Simbahku pengrajin jarik tenun kluwung. Jarik tenun asli Purbalingga. Aku seneng banget ngrewangi Simbah. Nyiapake piranti tenun sadurunge nenun. Simbah bakal nggawe jarik tenun kusus. Jarik tenun kanggo adhiku, Nina. Kira-kira kaya ngapa corake, ya?
Jenengku Memedi Gadu. Aku njaga parine Tami. Nalika parine Tami mratak, akeh kewan nakal padha ngrusak. Ana manuk emprit lan tikus sawah. Bakal tak usir kabeh sadurunge padha ngrusak parine Tami. Kaya apa wujude Memedi Gadu kui...?
Hana pengin nari kaya Mbak Kesa. Dheweke melu Mbak Kesa latihan. Tari kebo kinul. Gerakane kepara angel. Nanging Hana terus mbudidaya. Terus latihan lan latihan. Apa Hana bakal iso nari kebo kinul? yuk, diwoco ceritane!
Jenengku Estu, aku anak Saka Suku Samin. Aku manggon ing plosok alas Blora. Aku seneng mburu celeng bareng Bapak. Aku lan Bapak mburu celeng tengah wengi. Ngliwati alas pinus kang peteng lan pendhut. Apa Aku lan Bapak iso oleh celeng akeh? yuk, diwoco ceritaku!
Mbak Ning ngajak aku menyang tlaga. Aku lan Mbak Ning arep methik enceng gondhok. Ing tlaga akeh banget enceng gondhok. Enceng gondhok bakal digawe macem-macem karajinan. Ana tas, vas kembang, pigura, lan liyane.
Ben lagi flu. Dheweke ora gelem mangan. Tobi kuwatir banget karo Ben. Tobi lunga menyang omahe Kia. Kia nggawe racikan kanggo Ben. Jenenge racikan jamu cekok. Wah, kaya ngapa racikane, ya?
Dina iki Pak Boru panen nanas madu. Dheweke pengin ngedumi kanca-kancane. Pak Boru ngedumi Kimi. Nanging, Kimi wedi jambule nanas natoni tangane. Pak Boru ngedumi Tobi. Nanging, ilate Tobi gatel yen mangan nanas. Pak Boru uga ngedumi Lula. Lula bungah banget. Banjur kepriye Kimi lan Tobi? Apa sakarone seneng nampa nanase Pak Boru?
Usum panen wis teka. Kian ndherek simbah menyang sawah. Simbah gawe jaran debog kanggo Kian. Kian seneng banget. Dheweke nunggang jaran debog kanggo mbeburu. Apa kang diburu Kian, ya?
Bapak ngajak Nata menyang sawah. Golek welut kanggo lawuh. Welut-welut angel banget dicekel. Awake lunyu. Sanadyan mangkono, Nata lan Bapak kasil entuk welut akeh. Nata seneng banget. Bapak bisa nikmati pecel welut karemane. Nata uga njajal pecel welut gaweane Ibu. Jebul rasane enak banget.
Bumi duwe rahasia. Dheweke isin ngandhani kanca-kancane. Wis suwe Bumi nyingidake kesenengane iku. Kira-kira apa ya kesenengane Bumi?