Nalika preinan, Damar diajak Lik Bagas menyang panggonane nyambut gawe ing taman konservasi. Ning kana, Damar entuk pengalaman anyar kang migunani lang nyenengke. Ayo, bebarengan maca ceritane damar!
Lombi, uwit lombok, ora seneng ditandur nang cedhake Zena, uwit jagung. Nyatane, Zena kerep nulungi Lombi. Apa bae kabecikane Zena marang Lombi? Ayo, gatekna crita pasedulurane Lombi lan Zena!
Manuk-manuk nggawe Bapak nelangsa merga saben arep panen parine entek dipangani. Nanging, Emran duwe idhe sing teyeng nggawe Bapak gumun. Idhe apa, ya?
Yono isih pingin ngerti karo materi pesawat sederhana seng mau diwulangake ing kelas. Bali sekolah, Yono njajal ngimbangake dolanane nganggo piranti praktik saka sekolah. Durung kasil ngimbangake, ana wae kedadean sing ngganggu sinaune. Apa Yono bakal kasil mraktekake piwulangan sing mau disinaoni ing sekolah?
Wadhah runtah nang ngarep umahe Yanto karo Maman belok tur mambu. Nang kono Yanto weruh blatung, nek Maman weruh uler. Sekarone keweden. Yanto karo Maman gumun, wadhah runtahe Pak Bimo resik tur ora mambu. Kenang apa teyeng kaya kuwe? Ana apa karo runtahe Pak Bimo?
Ibune Laras arep rewang nang wong sing duwe gawe. Laras didhawuhi momong Nino, adhine. Ning, Nino dudu bocah biyasa. Nino bocah istimewa. Kepriwe carane Laras momong Nino? Maca crita kiye, yuh!
Benu seneng reresik. Omah lan lingkungane Benu resik lan rapi. Nanging, isih ana lemut sing ngganggu ing omahe Benu. Benu bingung, lemut kok isih seneng nang omahe. Benu golek cara supaya lemut lunga saka omahe. Penasaran karo apa sing ditindakna Benu? Ayo, nyemak crita gayenge Benu!
Mino si cacing lemah kangelan anggone ambegan. Lemah panggonane urip saiki garing banget amarga mangsa ketiga sing suwe. Mino uga rumangsa sepi. Kanca-kancane akeh sing lunga ninggalake Mino. Mino ngarep-arep udane ndang tiba. Kapan, ya, udane tiba?
Rayi kepengin ngewangi Bapak mbasmi ama tikus ing sawah. Nanging, Aji, adhine, meksa arep melu. Rayi sumelang menawa Aji bakal ngribedi. Apa Rayi bisa ngewangi Bapak uga njaga adhine? Kepriye carane?
Rara sejatine bocah sing sumringah. Nanging, ora kaya biyasane, ati lan pikirane krasa abot. Rasane kaya ana mega klawu ing ndhuwur sirahe. Apa Rara bakal kuwawa ngatasi perkarane?