Nawangwulan menyang Desa Tarub karo mbakyune. Dheweke arep melu ngramekake kendhuri mangsa tandur sing dianakake ing tlaga desa. Ing kana, Nawangwulan ketemu kanca anyar lan ngalami kedadean sing ora dinyana. Sapa kanca anyare Nawangwulan? Kedadean apa sing dialami Nawangwulan? Ayo, wacanen ceritane!
Saben mulih sekolah, Laras nyawang akeh kanca-kancane sing jajan es teh jumbo. Gelas plastike pating slebar ngregedi lingkungan. Kajaba iku, kakehan ngombe legi kuwi uga mbebayani. Laras ngajak Dika lan Sita nggawe owah-owahan cilik. Kanthi sarana poster lan omongan alus, dheweke ngajak kanca-kancane luwih wicaksana. Dheweke ngajak kanca-kancane njaluk gula sethithik lan nggawa tumbler dhewe. K…
Bagas seneng dolanan lan jajan. Ning uwuh plastike kerep pating slebar. Untunge, Ibu kagungan kantong ajaib saka bathik istimewa! Saka kono metu piranti ampuh: gantungan kunci gunungan wayang dadi tas blanja, sedhotan pring, uga sendok unik sing isa dipangan! Sesarengan Ibu, Bagas sinau piwulang gemi nastiti saka Mbah Putri lan wigatine njaga bumi. Apa piranti ajaibe Ibu bisa ngowahi pakulinane…
Seno maune rumangsa isin amarga wong tuwane ‘mung’ dodolan lentog Tanjung khas Kudus. Nanging, sawise ngerti rekasane wong tuwane lan abote pikulan tinggalane Simbah, atine kegugah. Apa maneh krungu pangalembana kang tulus saka langganan bab rasa asli lentog kuwi. Rasa mongkog marang warisan kulawargane wiwit tuwuh. Seno malah duwe iguh pratikel becik supaya critane lentog sepiring iki bisa…
Mak Meong tansah nggusah lan nesoni aku. Iku amarga aku golek pangan menyang bakul iwak ing Pasar Kartasura. Kamangka, ngendikane Pak Biro, kabeh bisa golek pangan ing pasar. Nganti sawijining dina, aku ketemu karo bocah cilik sing duwe nasib padha karo aku. Apa aku wani nglapurake Mak Meong? Apa Mak Meong ngentukake aku golek mangan ing Pasar Kartasura?
Nara krungu crita Simbah bab Semarang Venetie van Java. Atine bungah! Dheweke mbayangke Kali Semarang ing Kota Lama urip maneh: banyune bening, prau-prau sliweran, pinggire taman asri. Kanthi panyengkuyung ibune, Nara nggawe maket kanal impene. Karyane entuk penghargaan! Apa impene Nara isa nggugah semangat kuthane?
Preinan menyang desane Simbah Karto ing Brebes rasane istimewa banget tumrap Raka. Apamaneh, nalika panen brambang! Jebul, Simbah kagungan “kalkulator” ampuh ing mustakane! Raka diajak melu panen. Dheweke nonton Simbah ngira-ngira asil panen, ngetung iketan brambang, lan andum bawon kanthi adil. Sinau ngetung ana ing sawah pranyata luwih nyenengake! Kepriye “kalkulator panene” Simbah n…
Awakmu tau weruh kanca tuli nari ing panggung? Jenengku Nara. Iki critaku. Wiwit cilik aku kanca tuli. Aku kepengin banget dadi penari. Aku karo ibuku golek cara supaya aku bisa dadi penari. Akhire, sawijining dina aku ketemu guru nari kanca Tuli. Kepiye, ya, caraku latihan nari karo guruku? Ayo, kancani aku latihan nari!
Bima, Respati, lan Jati tuku jamu coro. Nanging, Jati jail marang Bima. Jati nyrobot antriane Bima lan meden-medeni nganggo coro dolanan. Bima wedi banget nganti njalari kanca-kancane kaget. Apa sakjane sing dialami Bima?
Nalika ing daleme Mbah Kakung, Jaka krungu swara sing aneh. Swara kuwi ndadekake Jaka sing bocah kutha iki penasaran. Swara apa kuwi mau? Apa sing arep ditindakake dening Jaka, ya?