Pipo gajah cilik mulih dolan. Dheweke weruh ombenan kuning ing ndhuwur meja. Ombenan apa kuwi? Apa iya kuwi sirup rasa jeruk? Pipo seneng ombenan rasa jeruk. Pipo njupuk ombenan kuwi lan glek! Adhuh! Rasane aneh. Iki dudu ombenan utawa wedang jeruk. Banjur, ombenan apa kuwi?
Bagus bali ndesa. Bagus ketemu sadulure. Jenenge Cipto. Cipto ngajak Bagus gawe layangan. Jare Cipto, sedhela maneh arep ana festival layangan ing Pesisir Ketawang. Kira-kira, Bagus lan Cipto gawe modhel apa, ya?