Yono isih pingin ngerti karo materi pesawat sederhana seng mau diwulangake ing kelas. Bali sekolah, Yono njajal ngimbangake dolanane nganggo piranti praktik saka sekolah. Durung kasil ngimbangake, ana wae kedadean sing ngganggu sinaune. Apa Yono bakal kasil mraktekake piwulangan sing mau disinaoni ing sekolah?
Wadhah runtah nang ngarep umahe Yanto karo Maman belok tur mambu. Nang kono Yanto weruh blatung, nek Maman weruh uler. Sekarone keweden. Yanto karo Maman gumun, wadhah runtahe Pak Bimo resik tur ora mambu. Kenang apa teyeng kaya kuwe? Ana apa karo runtahe Pak Bimo?
Ibune Laras arep rewang nang wong sing duwe gawe. Laras didhawuhi momong Nino, adhine. Ning, Nino dudu bocah biyasa. Nino bocah istimewa. Kepriwe carane Laras momong Nino? Maca crita kiye, yuh!
Benu seneng reresik. Omah lan lingkungane Benu resik lan rapi. Nanging, isih ana lemut sing ngganggu ing omahe Benu. Benu bingung, lemut kok isih seneng nang omahe. Benu golek cara supaya lemut lunga saka omahe. Penasaran karo apa sing ditindakna Benu? Ayo, nyemak crita gayenge Benu!
Mino si cacing lemah kangelan anggone ambegan. Lemah panggonane urip saiki garing banget amarga mangsa ketiga sing suwe. Mino uga rumangsa sepi. Kanca-kancane akeh sing lunga ninggalake Mino. Mino ngarep-arep udane ndang tiba. Kapan, ya, udane tiba?
Rayi kepengin ngewangi Bapak mbasmi ama tikus ing sawah. Nanging, Aji, adhine, meksa arep melu. Rayi sumelang menawa Aji bakal ngribedi. Apa Rayi bisa ngewangi Bapak uga njaga adhine? Kepriye carane?
Rara sejatine bocah sing sumringah. Nanging, ora kaya biyasane, ati lan pikirane krasa abot. Rasane kaya ana mega klawu ing ndhuwur sirahe. Apa Rara bakal kuwawa ngatasi perkarane?
Atik lan Banu kangelan nggarap PR amarga dirusuhi laron. Atik banjur golek cara kanggo nggusah laron saka omahe. Nanging, Atik ora ngira yen laron ing teras omahe iku akeh banget cacahe. Atusan! Apa malah ewon? Kira-kira bisa apa ora Atik lan Banu nggusah laron-laron kuwi, ya?
Arumi kerep anyel amarga polahe Mas Dewa. Nanging, Ibu nyuwun supaya Arumi sabar lan mangerteni kaanane Mas Dewa sing istimewa. Kepriye critane Arumi ngadhepi Mas Dewa? Ayo, maca buku iki bebarengan!
Bakal ana Grebeg Sudira. Mesthi wae Arga kudu nonton. Apa maneh, Arga wis duwe pit anyar. Mas Dewa kepengin entuk panggonan sing kepenak kanggo nonton. Banjur kudu mangkat jam pira yen numpak pit? Kepriye carane Arga ngitung wektune?