Arjuna perlu milihake nanas madu. Kudu cepet-cepet, supaya dheweke bisa lunga dolanan neker. Nanging, adine ngawut-awut nanas sing wis dipilihake mau. Arjuna golek cara supaya bisa ngatasi. Piye carane Arjuna ngatasi kuwi mau, yuk diwoco ceritane!
Surya kepingin ngrewangi mbunderi adonan klepon. Nanging Mbak ora ngentukake. Kepriye dadine yen dheweke meneng-meneng ngowahi adonane?
Jenengku Adli. Aku duwe kakang disabilitas autisme. Amarga Mas ora nglempit sarunge, Mama bangkanen. Aku kudu ngajari mas nglempit sarung. Apa bisa? Soale pangelinge Mas kaya tulisan neng pasir. Gampang ilang kena ombak,.