Mulih sekolah Eko, Indri, lan Didik mampir kebon jagunge Mbah Min saperlu arep dolan. Nanging, Mbah Min katon duka. Kenang apa, ya? Jebulane merga tanduran jagunge padha dipangan walang. Bisa-bisa ora sida panen. Eko lan kanca? kanca banjur golek cara kanggo ngrewangi Mbah Min. Kira-kira apa sing ditindakake bocah-bocah iku?
Apa awakmu tau mangan uler jedhung bakar? Jenengku Ari, iki critaku. Aku ndherek Bapak jaga tegalan. Nalika ing tegalan, Bapak ngajak golek uler jedhung ing pinggir alas. Uler jedhunge arep dibakar kanggo lawuh. Kira-kira kaya ngapa rasane?
Gabi kelangan semangka sing ntas wae dituku. Kamangka, semangka iku siji-sijine pangan sing diduweni Gabi. Gabi luwe. Kanca-kancane ora bisa nulung amarga uga padha ora duwe pangan. Banjur, kepriye nasibe Gabi?
Tembok ing sekolahe Gilang wis burem warnane. Gilang duwe gagasan supaya tembok kuwi digambari. Nanging, dheweke ora duwe dhuwit kanggo tuku cet. Apa Gilang lan kanca-kancane sida nglukis tembok sekolahe?
Nalika Bada, Ahsan bali menyang desa. Dheweke bungah banget bisa ketemu Simbah lan Kamal. Nanging, rasa bungahe ora suwe amarga ndeleng kali sing reged lan mambu. Ahsan karo Kamal nggawe cuweran ajaib kanggo mbeningake kali. Cuweran ajaib kaya apa, ya? Kepriye olehe nggawe? Ayo, melu nyemak critane sing gayeng iki!
Mirza kepengin dadi penulis. Dheweke kepengin nulis akeh crita kang apik. Dheweke uga kepengin nulis geguritan. Nanging, Mirza mbutuhake pambiyantu supaya bisa nulis crita. Tujune ana Faris kang siap mbantu Mirza. Geneya Mirza mbutuhake pambiyantu kanggo nulis crita, ya?
Sae weruh ana kembang sing rupane biru, mrambat ning pager nganti mlebu cendhela. Kembange akeh banget lan gogrog ngregedi latar. Sae duwe ada-ada, kembang iku arep digawe dadi panganan. Wah, Sae arep gawe apa, ya?
Wulan gemedhe merga cahyane padhang. Wulan nyombongna dheweke maring Lintang karo Mega. Sawijining dina, cahyane Wulan ilang. Wulan nangis nlangsa. Apa sing kedadean maring Wulan? Apa Wulan teyeng sumunar maning? Cahya Wulan kuwe sekang ngendi?
Ning warunge Bu Tini ana akeh panganan werna-werni. Wujude nyenengake lan rasane uga enak. Kabeh amarga resep saka sawijining buku lawas sing ditulis simbah putrine Bu Tini. Ing dina Minggu, Lilo gupuh pengin gage menyang warunge Bu Tini. Wah, ana apa ya?
Simbah mundhutake Danang blangkon. Saking bungahe, Danang nganggo blangkone menyang ngendi wae. Nanging, blangkone ilang nalika kanggo rebutan kanca-kancane. Banjur, ana ing endi blangkone Danang?