Nalika Bada, Ahsan bali menyang desa. Dheweke bungah banget bisa ketemu Simbah lan Kamal. Nanging, rasa bungahe ora suwe amarga ndeleng kali sing reged lan mambu. Ahsan karo Kamal nggawe cuweran ajaib kanggo mbeningake kali. Cuweran ajaib kaya apa, ya? Kepriye olehe nggawe? Ayo, melu nyemak critane sing gayeng iki!
Sesuk Bada, nanging omah isih acak?acakan. Mas Udin ngajak Bayu ngresiki omah. Nanging, nalika ngresiki stoples, tong sampahe numplek lan sampahe pating slebar. Kekarone padha weruh tapak nyalawadi ing jogan. Tapake sapa kuwi? Ayo, diwaca critane!