Sae weruh ana kembang sing rupane biru, mrambat ning pager nganti mlebu cendhela. Kembange akeh banget lan gogrog ngregedi latar. Sae duwe ada-ada, kembang iku arep digawe dadi panganan. Wah, Sae arep gawe apa, ya?
Tejo anyel karo Bayu amarga ngentut ing kelas. Bayu ora rumangsa salah amarga ora njarag. Nalika tarik tambang, Tejo emoh sakelompok karo bayu. Kepriye banjure? Kelompoke sapa sing menang? Apa kekarone bakal rukun maneh?