Maune, kewan-kewan urip ayem ing alas. Dumadakan para manungsa teka negori wit-witan. Wit-wit ditegor kanggo butuhe manungsa. Tibake iku amarga Bery ngolehake. Kira-kira Bery bakal entuk apa, ya? Kepriye sawise alas ditegori?
Tio rambute gimbal lan ameh diruwat. Ana panjaluke Tio sing kudu diwujudake. Kira-kira Tio njaluk apa, ya?
Aji dicritani menawa Bandi pethukan karo dhemit. Nanging, Aji ora percaya karo critane Bandi. Bengine pas menyang kiwan, Aji ngambu ambu sing nyubriyani. Aji rumangsa wedi. Apa maneh, wektu kuwi udan deres tur mbledheg. Kepriye Aji ngadhepi rasa wedine, ya?
Apa kowe tau weruh segara? Ning jero segara akeh iwak lan terumbu karang. Paus Deo, Reo, lan Leo krungu swara bom. Yuh, nyemak pengalamane Paus Deo, Reo, lan Leo!
Lili nglilir. Dheweke nggoleki ibu, nanging ibu lagi tindak. Lili nangis banter banget. Piye supaya lili mandheg oleh nangis, ya?
Apa kowe padha seneng madhang? Kuki Kungkang seneng banget madhang. Apa sing padha kotindakna sadurunge madhang? Yuh, maca pengalamane Kuki Kungkang!
Agus isin. Dheweke ora bisa mangsuli pandangune Bu Guru. Bu Guru ndangu ngenani tambah-tambahan. Agus rumangsa angel anggone mangsuli. Rumangsane tambah-tambahan ora angel. Nanging, nalika angon wedhus, Agus gumun. Ora angel kaya nalikane ing sekolahan. Agus dadi seneng sinau tambah-tambahan. Kira-kira kepriye ya carane Agus sinau?
Kiko, terweluku seneng dolanan. Dheweke tba, banjur ora obah. Wah, kudu digawa menyang dhokter kewan. Nanging Kiko kelaran. Aku kudu piye iki?