Wira kerep ora ngentekke segane. Simbah Kakung ngelingake, “Aja tumindak siya marang rejeki,” lan tansah ngajeni para petani. Wira banjur dadi Ksatriya Anti Sisa! Tugase nelukake pakulinan ‘luwe mata’ lan boros nganggo ‘jurus’ mangan kanthi kebak pangeling-eling. Dheweke uga ngajak kancane. Kasil ora ya Wira? Wacanen critane!
Saben mulih sekolah, Laras nyawang akeh kanca-kancane sing jajan es teh jumbo. Gelas plastike pating slebar ngregedi lingkungan. Kajaba iku, kakehan ngombe legi kuwi uga mbebayani. Laras ngajak Dika lan Sita nggawe owah-owahan cilik. Kanthi sarana poster lan omongan alus, dheweke ngajak kanca-kancane luwih wicaksana. Dheweke ngajak kanca-kancane njaluk gula sethithik lan nggawa tumbler dhewe. K…
Bagas seneng dolanan lan jajan. Ning uwuh plastike kerep pating slebar. Untunge, Ibu kagungan kantong ajaib saka bathik istimewa! Saka kono metu piranti ampuh: gantungan kunci gunungan wayang dadi tas blanja, sedhotan pring, uga sendok unik sing isa dipangan! Sesarengan Ibu, Bagas sinau piwulang gemi nastiti saka Mbah Putri lan wigatine njaga bumi. Apa piranti ajaibe Ibu bisa ngowahi pakulinane…
Seno maune rumangsa isin amarga wong tuwane ‘mung’ dodolan lentog Tanjung khas Kudus. Nanging, sawise ngerti rekasane wong tuwane lan abote pikulan tinggalane Simbah, atine kegugah. Apa maneh krungu pangalembana kang tulus saka langganan bab rasa asli lentog kuwi. Rasa mongkog marang warisan kulawargane wiwit tuwuh. Seno malah duwe iguh pratikel becik supaya critane lentog sepiring iki bisa…
Nara krungu crita Simbah bab Semarang Venetie van Java. Atine bungah! Dheweke mbayangke Kali Semarang ing Kota Lama urip maneh: banyune bening, prau-prau sliweran, pinggire taman asri. Kanthi panyengkuyung ibune, Nara nggawe maket kanal impene. Karyane entuk penghargaan! Apa impene Nara isa nggugah semangat kuthane?
Preinan menyang desane Simbah Karto ing Brebes rasane istimewa banget tumrap Raka. Apamaneh, nalika panen brambang! Jebul, Simbah kagungan “kalkulator” ampuh ing mustakane! Raka diajak melu panen. Dheweke nonton Simbah ngira-ngira asil panen, ngetung iketan brambang, lan andum bawon kanthi adil. Sinau ngetung ana ing sawah pranyata luwih nyenengake! Kepriye “kalkulator panene” Simbah n…