Clara ndherek Ibu liburan ‘musim panas’ ing Indonesia. Dheweke seneng bisa ketemu karo Arimbi, sepupune. Emane, Clara rumangsa ora jenak amarga para sedulur sagotrah seneng nakoni dheweke. Bab kuwi njalari Clara protes. Clara ora gelem ndherek acara reuni ibune. Minangka gentine, Clara lan Arimbi plesir numpak andhonge Pak Hasto menyang sentra gamelan. Saliyane nonton carane nggawe gamelan,…
Laras mangkel amarga Ibu kerep ngolah jenang. Anggepe Laras, jenang iku panganan bayi. Laras milih nderek bulek nuning. Karepe supaya bisa jajan ing Car Free Day. Jebul neng kana nembe ana Festival Jenang. Laras gumun weruh wong akeh mangan jenang. Bulik Nuning Mundhutake takir kanggo laras. Isine jenang manika warna. Laras gelem jenang iku apa ora, ya?
Lastri lan Ajeng ajar miru lan jarikan. Sakarone pengen melu lomba Hari Kartini. Lastri yakin yen dheweke bisa. Dheweke kulina weruh Eyang Nani ngagem jarik. Jebule miru lan jarikan ora gampang. Ora gampang koyo le dibayangke lastri. Kaya ngapa gayeng'e Lastri lan Ajeng nalika jarikan?
Eyang Kakung ngirim iwak pe menyang kutha liya. Bab iki ndadekake Aji penasaran. Eyang Kakung banjur ngajak Aji. Ngajak menyang panggonan pengasapan iwak. Apa wae pikolehe Aji saka panggonan pengasapan iwak?