Atik lan Banu kangelan nggarap PR amarga dirusuhi laron. Atik banjur golek cara kanggo nggusah laron saka omahe. Nanging, Atik ora ngira yen laron ing teras omahe iku akeh banget cacahe. Atusan! Apa malah ewon? Kira-kira bisa apa ora Atik lan Banu nggusah laron-laron kuwi, ya?
Arumi kerep anyel amarga polahe Mas Dewa. Nanging, Ibu nyuwun supaya Arumi sabar lan mangerteni kaanane Mas Dewa sing istimewa. Kepriye critane Arumi ngadhepi Mas Dewa? Ayo, maca buku iki bebarengan!
Bakal ana Grebeg Sudira. Mesthi wae Arga kudu nonton. Apa maneh, Arga wis duwe pit anyar. Mas Dewa kepengin entuk panggonan sing kepenak kanggo nonton. Banjur kudu mangkat jam pira yen numpak pit? Kepriye carane Arga ngitung wektune?
Labu bingung amarga wis ngilangake gelange ibune sing aji banget. Dheweke banjur golek oyot alang-alang kanggo ngganti gelange ibune. Nalika arep mulih, Labu kesasar amarga alas Merbabu kobongan. Labu kudu golek dalan liyane. Banjur, apa Labu bisa nemokake dalan mulih?
Loli kepengin manggon ing pinggir kali. Teri ngelingake Loli supaya ora mbangun omah ing kana. Nanging, Loli ora ngrewes pituture Teri. Nganti ing sawijing dina, Loli nemoni musibah ing omah anyare. Kepriye nasibe Loli sabanjure?
Nindya kepengin masak kuwih istimewa kanggo Nawa. Nanging, dheweke sembrana nalika tandang gawe. Sembranane malah ndadekake kuwihe luwih istimewa!
Bocah-bocah nang desane Kalil seneng maca. Ningen, kabeh padha ora duwe buku. Jarene ana Kuda Pustaka Gunung Slamet. Dheweke seneng nyilihna buku maring bocah-bocah. Ningen, kepriwe carane nyilih buku maring Kuda Pustaka? Kalil kepengin dheweke lan kanca-kanca teyeng maca buku. Melu perjuangane Kalil lan Kuda Pustaka, yuk!
Wira kerep ora ngentekke segane. Simbah Kakung ngelingake, “Aja tumindak siya marang rejeki,” lan tansah ngajeni para petani. Wira banjur dadi Ksatriya Anti Sisa! Tugase nelukake pakulinan ‘luwe mata’ lan boros nganggo ‘jurus’ mangan kanthi kebak pangeling-eling. Dheweke uga ngajak kancane. Kasil ora ya Wira? Wacanen critane!
Nawangwulan menyang Desa Tarub karo mbakyune. Dheweke arep melu ngramekake kendhuri mangsa tandur sing dianakake ing tlaga desa. Ing kana, Nawangwulan ketemu kanca anyar lan ngalami kedadean sing ora dinyana. Sapa kanca anyare Nawangwulan? Kedadean apa sing dialami Nawangwulan? Ayo, wacanen ceritane!
Saben mulih sekolah, Laras nyawang akeh kanca-kancane sing jajan es teh jumbo. Gelas plastike pating slebar ngregedi lingkungan. Kajaba iku, kakehan ngombe legi kuwi uga mbebayani. Laras ngajak Dika lan Sita nggawe owah-owahan cilik. Kanthi sarana poster lan omongan alus, dheweke ngajak kanca-kancane luwih wicaksana. Dheweke ngajak kanca-kancane njaluk gula sethithik lan nggawa tumbler dhewe. K…