Esuk-esuk Moka uwis adus lan nyiapake sangu. Dheweke lan Ibu arep menyang omahe Sena. Sakarone numpak sepur. Ing stasiun dicepaki akeh wadhah uwuh. Uga ana panggonan ngejogi wedang sing ora kudu mbayar. Sasuwene lelungan, Moka melu njaga karesikan lan katertiban umum.
Eli lan kanca-kancane entuk tugas saka Bu Pita. Tugase yaiku nyelengi seminggu suwene. Kanca-kancane Eli saben dina ngetung isi celengane. Ananging, Eli malah ngumpetake celengane. Eli ora gelem menehi reti sanadyan ditakoni kanca-kancane. Kira?kira pira isi celengane Eli?
Bagus nembe tau krungu “udan kethek ngilo”. Dheweke penasaran banget. Bagus nggoleti ketheke maring nganah-ngeneh. Takon Mbak Sri, Mbak Sri njawab ora, banjur mesem. Takon Ibu, Ibu malah gedheg-gedheg sirah. Kira-kira, Bagus bisa nemokna kethek ngilo kue apa ora, ya?
Mada duwe hobi sing aneh, yaiku nglumpukake barang-barang bekas. Hobine kuwi ndadekake dheweke repot. Kamare dadi omah coro lan dheweke tansah kangelan menawa arep nggoleki barang-barang sing dibutuhake. Wusana, Mada milihi barang miturut jinis lan kaanane. Dheweke mung njupuk barang-barang sing isih apik wae, barang sing kurang apik diwenehake marang bank sampah. Barang sing disimpen diolah da…
Dodo dodolan wiji-wijian nang warunge. Warunge rame sing tuku. Ora sengaja, Dodo ngrusakna timbangan. Banjur kepriwe Dodo goli nimbangi dodolane? Wacanen crita kiye bae, yuh!
Mita ora seneng sekolah. Mita uga ora seneng dolan karo tangga-tanggane. Nanging, alon-alon kabeh malih. Mita wiwit wani kekancan. Dheweke uga dadi seneng sekolah. Kabeh iku kedaden wiwit Mita ajar nabuh piranti gamelan, utamane suling. Kepriye suling bisa ngowahi kabeh iku?
Mirah diparingi tantangan dening ibune kanggo nggoleki bandha karun telung kothak. Ibu maringi kertas pituduh. Kertas iku isine tembang "Cublak?Cublak Suweng". Mirah kudu napsirake pituduh iku. Mirah ngupaya tenanan nggoleki telung kothak bandha karun sing didhelikake ibune. Ayo, ngetutake gayenge Mirah anggone ngrampungake tantangan saka ibune!
Nabila pinter nari. Dheweke disuwun Bu Fitri tampil ing acara penting. Nanging, Nabila kudu maragakake tarian kang anyar tumrap dheweke. Tarian apa kuwi? Apa Nabila bisa nampilake tarian anyar kuwi? Ayo, diwaca critane!
Sesuk Bada, nanging omah isih acak?acakan. Mas Udin ngajak Bayu ngresiki omah. Nanging, nalika ngresiki stoples, tong sampahe numplek lan sampahe pating slebar. Kekarone padha weruh tapak nyalawadi ing jogan. Tapake sapa kuwi? Ayo, diwaca critane!
Aku kuwi tandhak jaran kepang. Panggedheku Lik Prayit. Biasane aku entuk upah sawise tampil. Upah iku tak tabung. Siji dina, Lik Prayit ngajak aku nandhak jaran kepang ing adicara ruwatan. Nanging, ora entuk upah. Dene aku lagi mbutuhake dhuwit kanggo numbasake Ibu bibit kenthang. Apa aku arep nandhak jaran kepang tanpa diwenehi upah ing adicara ruwatan? Apa aku bisa ngrewangi Ibu tkluku bibit …