Andi oyak-oyakan karo Dita. Tangane Andi nyenggol pot kembang nganti pecah. Andi bingung carane ngijoli pot iku. Andi diajak bapakne dolan ing Desa Klipoh. Ana apa ing Desa Klipoh?
Kutha Salatiga nganakake arak-arakan ing sasi Agustus. Arak-arakan iku kanggo mengeti HUT RI. Saben kampung kena nampilake kesenian tradhisionale. Salah sawijine kesenian tradhisional Salatiga yaiku drumblek. Apa ta drumblek iku? Ayo, wacanen crita iki!
Adit diajak dolanan prau dening adhine. Nanging praune Adit rusak. Kepriye, ya? Apa Adit sida balapan prau? Cerita sambunge ana ing buku iki. Yuk, diwoco ceritane!
Sunu weruh kenthongan ning pirang-pirang panggonan. Ana ning bakul sega goreng ider. Ana ning pos rondha karo ning sekolahan. Ana kenthongan tabuhan sing digawa Mas Alit. Deneng monine sejen- sejen?
Mengko dhisit! Jarene arep padha nulis jenenge nang tembok? Mosi kaget. Apa sing bakal ditindakna Mosi? Yuh, diwaca critane!
Maring Dieng maning? Dina Minggu kiye Bapak ngejaki mlaku-mlaku. Tapi ngapa maring Dieng maning? Diwang wis sering maring nganah. Apa maning sing arep Diwang lakoni nang Dieng? Yuh, diwaca critane!
Sijie kepengin mangan thiwul gaweane Uwa. Nanging, thiwule wis payu kabeh. Dheweke kaganthol angen-angene Mbak Wulan. Yaiku, njajal gawe thiwul dhewek. Kepriwe carane, ya?
Badhak sangu gethuk lindri pas arep sinau kelompok. Dheweke nggawa gethuk papat. Siji kanggo dhewe, sing telu kanggo kancane. Nanging jebul kancane sing teka ana papat. Wah, kepriye Badhak mbage gethuke? Waca ceritane ing buku iki, ya!
Rombongan dholalak alas Surya arep pentas nang alas sabrang. Koro kepengin nonton. Ningen dheweke ora bisa lunga-lunga. Koro susah pisan. Untunge Dago duwe piranti teknologi. Koro bisa tetep nonton dholalak. Piranti teknologi apa kang deenggo Dago, ya?
Uh, Rio ora bisa ngetung. Untung Rio duwe dhakon anyar. Bisa nggo sinau ngetung. Kira-kira kepriwe Rio sinau ngetung nganggo dhakon, ya?