Tembok ing sekolahe Gilang wis burem warnane. Gilang duwe gagasan supaya tembok kuwi digambari. Nanging, dheweke ora duwe dhuwit kanggo tuku cet. Apa Gilang lan kanca-kancane sida nglukis tembok sekolahe?
Nalika Bada, Ahsan bali menyang desa. Dheweke bungah banget bisa ketemu Simbah lan Kamal. Nanging, rasa bungahe ora suwe amarga ndeleng kali sing reged lan mambu. Ahsan karo Kamal nggawe cuweran ajaib kanggo mbeningake kali. Cuweran ajaib kaya apa, ya? Kepriye olehe nggawe? Ayo, melu nyemak critane sing gayeng iki!
Mirza kepengin dadi penulis. Dheweke kepengin nulis akeh crita kang apik. Dheweke uga kepengin nulis geguritan. Nanging, Mirza mbutuhake pambiyantu supaya bisa nulis crita. Tujune ana Faris kang siap mbantu Mirza. Geneya Mirza mbutuhake pambiyantu kanggo nulis crita, ya?
Sae weruh ana kembang sing rupane biru, mrambat ning pager nganti mlebu cendhela. Kembange akeh banget lan gogrog ngregedi latar. Sae duwe ada-ada, kembang iku arep digawe dadi panganan. Wah, Sae arep gawe apa, ya?
Wulan gemedhe merga cahyane padhang. Wulan nyombongna dheweke maring Lintang karo Mega. Sawijining dina, cahyane Wulan ilang. Wulan nangis nlangsa. Apa sing kedadean maring Wulan? Apa Wulan teyeng sumunar maning? Cahya Wulan kuwe sekang ngendi?
Dina iki libur sekolah. Satrio lan Lala sowan ing daleme Simbah. Banjur padha nusul Simbah Kakung ing kebon. Uga padha ngrewangi Simbah Putri masak. Piye pengalaman liburane Satrio lan lala?
Dewi lan Ibu gawe uba rampe srah-srahan temanten. Uba rampe srah-srahan uwis rampung digawe. Tibake, kraketane durung ana. Kamangka, wektune wis mepet. Apa Dewi lan Ibu bisa gawe kraketan? Yuk, diwaca buku iki!
Bocah TK seneng banget karo kegiyatan wisata. TK Bintang nganakake wisata ing kampung grabah. Sapa sing arep ditemoni ing kana? Bakal oleh pengalaman apa ing kana?
Dio sedhih ora bisa dolanan ing njaba. Nalika kuwi udan deres. Banjur Simbah rawuh lan ngasta oleh-oleh. Apa sing diasta Simbah? Apa Dio seneng oleh-oleh kuwi?
Pipo gajah cilik mulih dolan. Dheweke weruh ombenan kuning ing ndhuwur meja. Ombenan apa kuwi? Apa iya kuwi sirup rasa jeruk? Pipo seneng ombenan rasa jeruk. Pipo njupuk ombenan kuwi lan glek! Adhuh! Rasane aneh. Iki dudu ombenan utawa wedang jeruk. Banjur, ombenan apa kuwi?