Cocor Bebek nlangsa merga godhong-godhonge wis labuh tuwa. Batir-batire pengen nyenengna Cocor Bebek. Kuthilang nembang swarane kepenak. Arum Dalu megarna kembange sing wangi ing wayah wengi. Nanging, Cocor Bebek isih nlangsa. Ana apa karo Cocor Bebek? Apa sing bakal ditindakna batir-batire Cocor Bebek?
Apa kowe padha ngerti meri? Kewan cilik sing lucu. Seneng ngetutna biyunge. Kepriwe nek meri kepisah sekang biyunge? Mesthi meri keweden. Yuh, dhewek maca petualangane si Meri!
Apa kowe tau weruh kecap? Kaya ngapa wujude banyu kecap? Kowe mesthi teyeng njawab. Nah, nek banyu kecap kuwe wutah. Banjur, dilebokna maring gelas. Bentukke kaya apa, ya? Pengin ngerti, mbok? Waca cerita nang buku kiye, ya!
Apa kowe tau weruh segara? Ning jero segara akeh iwak lan terumbu karang. Paus Deo, Reo, lan Leo krungu swara bom. Yuh, nyemak pengalamane Paus Deo, Reo, lan Leo!
38