Labu bingung amarga wis ngilangake gelange ibune sing aji banget. Dheweke banjur golek oyot alang-alang kanggo ngganti gelange ibune. Nalika arep mulih, Labu kesasar amarga alas Merbabu kobongan. Labu kudu golek dalan liyane. Banjur, apa Labu bisa nemokake dalan mulih?
Loli kepengin manggon ing pinggir kali. Teri ngelingake Loli supaya ora mbangun omah ing kana. Nanging, Loli ora ngrewes pituture Teri. Nganti ing sawijing dina, Loli nemoni musibah ing omah anyare. Kepriye nasibe Loli sabanjure?
Nindya kepengin masak kuwih istimewa kanggo Nawa. Nanging, dheweke sembrana nalika tandang gawe. Sembranane malah ndadekake kuwihe luwih istimewa!
Bocah-bocah nang desane Kalil seneng maca. Ningen, kabeh padha ora duwe buku. Jarene ana Kuda Pustaka Gunung Slamet. Dheweke seneng nyilihna buku maring bocah-bocah. Ningen, kepriwe carane nyilih buku maring Kuda Pustaka? Kalil kepengin dheweke lan kanca-kanca teyeng maca buku. Melu perjuangane Kalil lan Kuda Pustaka, yuk!
Wira kerep ora ngentekke segane. Simbah Kakung ngelingake, “Aja tumindak siya marang rejeki,” lan tansah ngajeni para petani. Wira banjur dadi Ksatriya Anti Sisa! Tugase nelukake pakulinan ‘luwe mata’ lan boros nganggo ‘jurus’ mangan kanthi kebak pangeling-eling. Dheweke uga ngajak kancane. Kasil ora ya Wira? Wacanen critane!
Nawangwulan menyang Desa Tarub karo mbakyune. Dheweke arep melu ngramekake kendhuri mangsa tandur sing dianakake ing tlaga desa. Ing kana, Nawangwulan ketemu kanca anyar lan ngalami kedadean sing ora dinyana. Sapa kanca anyare Nawangwulan? Kedadean apa sing dialami Nawangwulan? Ayo, wacanen ceritane!
Saben mulih sekolah, Laras nyawang akeh kanca-kancane sing jajan es teh jumbo. Gelas plastike pating slebar ngregedi lingkungan. Kajaba iku, kakehan ngombe legi kuwi uga mbebayani. Laras ngajak Dika lan Sita nggawe owah-owahan cilik. Kanthi sarana poster lan omongan alus, dheweke ngajak kanca-kancane luwih wicaksana. Dheweke ngajak kanca-kancane njaluk gula sethithik lan nggawa tumbler dhewe. K…
Bagas seneng dolanan lan jajan. Ning uwuh plastike kerep pating slebar. Untunge, Ibu kagungan kantong ajaib saka bathik istimewa! Saka kono metu piranti ampuh: gantungan kunci gunungan wayang dadi tas blanja, sedhotan pring, uga sendok unik sing isa dipangan! Sesarengan Ibu, Bagas sinau piwulang gemi nastiti saka Mbah Putri lan wigatine njaga bumi. Apa piranti ajaibe Ibu bisa ngowahi pakulinane…
Seno maune rumangsa isin amarga wong tuwane ‘mung’ dodolan lentog Tanjung khas Kudus. Nanging, sawise ngerti rekasane wong tuwane lan abote pikulan tinggalane Simbah, atine kegugah. Apa maneh krungu pangalembana kang tulus saka langganan bab rasa asli lentog kuwi. Rasa mongkog marang warisan kulawargane wiwit tuwuh. Seno malah duwe iguh pratikel becik supaya critane lentog sepiring iki bisa…
Mak Meong tansah nggusah lan nesoni aku. Iku amarga aku golek pangan menyang bakul iwak ing Pasar Kartasura. Kamangka, ngendikane Pak Biro, kabeh bisa golek pangan ing pasar. Nganti sawijining dina, aku ketemu karo bocah cilik sing duwe nasib padha karo aku. Apa aku wani nglapurake Mak Meong? Apa Mak Meong ngentukake aku golek mangan ing Pasar Kartasura?