Timi, kucing cilik iku nangis teles gebes merga tiba ning kalen. Rumangsa mesakake, Tama banjur ngopeni Timi. Tama lan Timi saben dina dolanan bareng. Tama seneng nalika bapakne nggawe kandhang kanggo Timi. Nanging, ing sawijining dina, Timi lunga saka omah. Tama sedhih. Ayo, bareng-bareng ngewangi Tama nggoleki Timi!
Rubeda sing disandhang Sigit ndadekake dheweke kangelan nalika ngrewangi biyunge ider gula jawa. Perkara iki njalari dheweke sedhih. Mula, nalika dolan karo kanca rakete, Jamal lan Danu, Sigit katon suntrut polatane. Bejane Sigit duwe kanca kaya Jamal lan Danu sing apikan tur seneng nulungi dheweke. Apa sing ditindakake Jamal lan Danu kanggo mbiyantu Sigit?
Bagas sedhih ora bisa latihan Soreng Bocah. Dheweke wis telung dina lara. Festival Tari Soreng Bocah Kabupaten Magelang kurang sangang ndina. Apa Bagas bisa melu festival?
Dina kiye wulangan matematika. Bu Guru maringi soal itungan maring Pipo. Pipo ora teyeng njawab. Pipo wedi tur nangis. Batir-batire Pipo gumun. Kedadean apa sing dialami Pipo? Apa sing bakal ditindakna Bu Guru?
Serin kesuh. Dheweke kesel njagani tanduran lomboke ibune. Kepik abang terus bae nekani kebone. Apa sing kudu ditindakna kanggo nylametake tanduran lomboke Ibu, ya? Apa Serin nglokro? Apa nang panggonanmu uga ana kepik abang? Apa bisa kowe padha mbantu Serin? Yuh, nyemak critane!
Kepriye rasane menawa lengenmu dadi gedhe sak gada lan kupingmu dadi oren wernane? Bani, kelinci sing seneng mangan wortel. Saking senenge, Bani mangan wortel saben dina. Amarga kuwi, lengene Bani dadi gedhe, kupinge dadi jingga wernane. Kepriye, ya, carane Bani dadi kuru? Apa werna kupinge bisa bali kaya sadurunge?
Lita kuwi bocah sing kepengin sakabehe sarwa apik. Apa wae ditindakake kanggo nggayuh pepenginane. Nanging, apa sing wis diupayakake Lita cabar! Banjur, kepriye nasibe Lita?
Nipon ngrasa yen wis arang banget weruh kupu lan kinjeng mabur ning plataran omahe. Dheweke banjur golek ngerti kedadeyan apa sing njalari kewan-kewan kuwi padha ora ketok. Nanging mara-mara ana walang menclok ning tangane. Nipon kaget banget. Walang kuwi bisa ngomong lan menehi piweling kanggo Nipon. Kira?kira apa isine piweling walang kuwi, ya?
Ting! Ting! Ting! Ponsele Bona muni. Ana pesenan mlebu. Bona nyetater pitmotore. Brum! Brum! Brum! Pitmotore Bona swarane brisik lan ngganggu banget. Apa Bona ngerti iku?
Wulan kerep ngrebut dolanane kancane. Bundha Asih tansah ngelikake. Dina iki, Bundha ngajak Wulan nganglang ing lingkungan sakupenge. Wulan nemokake bab kang narik kawigaten. Dheweke uga bisa nglatih emosi nalikane ing njaba.