Buku iki nyritakake babagan kegiatan siswa ing Sekolah Dasar Morosari, kang kalebu babagan ngumpulake wiji cemara laut kanggo nggawe briket energi alternatif. Cerito iki nyritakake perjuangan bocah-bocah, kalebu Alif, ing ngatasi masalah kelangkaan LPG lan kepengin gawe solusi sing ramah lingkungan. Buku iki nggambarake nilai kekompakan, inovasi, lan peduli marang lingkungan, kanthi basa Jawa s…
Buku "Kartini Milenial" nyeritakake babagan perjuangan lan semangat Kartini jaman saiki minangka wanita muda sing pinter lan inspiratif. Kanthi nggunakake teknologi lan kreativitas, Kartini milenial ngupayakake pendidikan, lingkungan, lan pelestarian budaya Jawa. Cerita iki nuduhake perjuangane kanggo nggabungake tradisi karo inovasi kanggo masa depan sing luwih cerah.
Festival Gunung Slamet minangka acara tahunan sing diadani ing kaki Gunung Slamet, Desa Serang. Acara iki kalebu pawai taaruf, njotok banyu Sikopyah, lan pagelaran budaya liyane sing meriah. Buku iki nyeritakake babagan pengalaman siswa sekolah dasar, Wira lan kanca-kancane, sing pengin melu ing festival kasebut kanthi nggawe pertunjukan kreatif kaya peragaan busana, kuda lumping, lan tarian mo…
Buku iki nyeritakake Citra lan kanca-kancane (Doni, Rina, Irwan), bocah kelas lima SD ing Semarang, ngalami macem-macem petualangan saben dina: bukune disita guru, tugas kelompok, dolan Brown Canyon, Sanggar Batik, lan Monod Huis. Crita iki nuduhake guyub rukun, gotong royong, lan peduli budaya lingkungan.
Buku iki nyritakake babagan perjuangan Parman lan kanca-kancane ing Kampung Kalipacar kanggo nglestarekake budaya tradisional Jawa, kaya jaran kepang lan jathilan. Kanthi tekad lan semangat, dheweke ngadhepi tantangan lan cemoohan saka wong-wong sing nganggep kahanan kuno iku ora jamane. Lewat latihan, karya seni, lan inovasi kreatif, bocah-bocah iki mbangun rasa tresna marang budaya lan ngajar…
Buku iki nyritakake babagan kegiatan bocah-bocah ing kampung Ngawonggo nalika pandemi COVID-19. Buku iki ngemot pengalaman bocah-bocah sing seneng dolanan, maca, nggambar, lan belajar bareng Mbak Kanthi. Nalika pandemi, kegiatan biasa di luar ruangan dadi terbatas, nanging bocah-bocah tetep semangat sinau lan nambah pengetahuan liwat media digital lan kegiatan budaya Jawa, kaya nyanyi, nembang …
Buku iki nyritakake babagan urip sawijining bocah jenenge Inyong Prabu utawa Abu, sing manggon ing Dieng. Dheweke dikenal amarga rambut gimbal sing dadi simbol khas. Cerita iki nyritakake babagan pengalaman, budaya, lan tradhisi ing Dieng, kalebu upacara ruwatan lan kesenian jaran kepang. Ing buku iki, ana nilai-nilai kearifan lokal, kepedulian marang lingkungan, lan pentingnya persahabatan. Ce…
Antri Lenga Klentik lan Oglangan nyritakake pengalaman bocah saben dina: Nuning sinau matematika nalika antri lenga klentik, lan Bagas nenangake adhine nalika listrik oglangan. Crita iki nggambarake migunane sinau lan anane angeting kulawarga.
Hege sedhih. Dheweke uga ora pitaya karo awake dhewe. Pirang-pirang dina iki Hege kerep ndhewe.Dheweke mbandhingake wulune karo wulune Piko.Wulune landhep kaya eri. Beda karo wulune Piko kang endah kaya tepas raseksa. Ngendikane Bapak, wulune Hege istimewa. Apa istimewane wulune Hege?
Rimba, Daffa, lan Hana seneng dolanan lan ndelok kewan ing alas. Ung sawijining sore, tetelune padha krungu swara njaluk tulung. Saka ngendi swara kuwi? Kenang apa swara kuwi njaluk tulung, ya?