Arjuna perlu milihake nanas madu. Kudu cepet-cepet, supaya dheweke bisa lunga dolanan neker. Nanging, adine ngawut-awut nanas sing wis dipilihake mau. Arjuna golek cara supaya bisa ngatasi. Piye carane Arjuna ngatasi kuwi mau, yuk diwoco ceritane!
Gurita nglangi dhewekan neng segara. Dheweke ketemu karo Iwak Buntal. Iwak Buntal nangis amarga ora duwe kanca. Ana apa karo Iwak Buntal? Apa sing arep ditindakna Gurita maring Iwak Buntal?
Surya kepingin ngrewangi mbunderi adonan klepon. Nanging Mbak ora ngentukake. Kepriye dadine yen dheweke meneng-meneng ngowahi adonane?
Jenengku Adli. Aku duwe kakang disabilitas autisme. Amarga Mas ora nglempit sarunge, Mama bangkanen. Aku kudu ngajari mas nglempit sarung. Apa bisa? Soale pangelinge Mas kaya tulisan neng pasir. Gampang ilang kena ombak,.
Wulan kerep ngrebut dolanane kancane. Bundha Asih tansah ngelikake. Dina iki, Bundha ngajak Wulan nganglang ing lingkungan sakupenge. Wulan nemokake bab kang narik kawigaten. Dheweke uga bisa nglatih emosi nalikane ing njaba.