Sesuk arep ana takiran. Rumi dikongkon ngrewangi Ibu gawe takir. Nanging takire Rumi wujude ora pada karo sing diconthoni Ibu. Banjur kepriye, ya?
Banyu lagi kepengin dolan.Nanging ora ana batire.Dheweke malah diajak gawe senthir nang Mbah Kakung. Wah, kaya apa iku? Jajal wacanen caritane Banyu ing buku iki!
Laras arep gawe srabi Banjarnegara. Ning, pewarna ijone malah dienggo dolanan adhine. Banjur pewarna ijone digenti apa, ya?
Arjuna perlu milihake nanas madu. Kudu cepet-cepet, supaya dheweke bisa lunga dolanan neker. Nanging, adine ngawut-awut nanas sing wis dipilihake mau. Arjuna golek cara supaya bisa ngatasi. Piye carane Arjuna ngatasi kuwi mau, yuk diwoco ceritane!
Bibo beruang nembe wae panen kedhele. Ujug-ujug Bibo kangen mendhoan gaweane Mona. Akhire, Bibo nekani Mona ning Banyumas. Bibo arep sinau gawe mendhoan karo Mona. Apa Bibo nggawe tempe lan mendhoan? piye carane nggawe?
Wayahe panen uyah. Nanging, simbah gerah. Aku pengin ngrewangi. Nanging, bisa apa ora, ya?
INg market day, Kamila dodol gethuk. Gethuk keju jenenge. Panganan tradhisional kang wuenak lan gampang gawene. Saka dodolan, Kamila sinau ngitung rega lan bathi. Apa dodolane Kamila laris lan entuk bathi?
Santi kepengin melu lomba nembang Jawa. Nanging bingung, basa Jawane ora lancar. Santi banjur sinau lumantar Youtube. Nalika kalah, Santi ora gela. Jalaran saiki luweh pinter nembang Jawa.
Preinan iki Kevin tilik eyange. Eyange Kevin perajin bathik cap. Kevin durung tau weruh bathik cap sak durunge. Kevin dadi pengen gawe bathik cap dhewe. Kevin pengen nganggo piranti lan bahan alami. Ayo, melu Kevin sinau gawe bathik cap!
Aku ora seneng iwak bandeng. Nanging, Bapak malah ngajak aku panen bandeng. Bapak ngajak aku neng bakul iwak bandeng. Jebul ana bandeng sing erine empuk. Kir-kira kenang apa ya, kok ernie bisa empuk?