Gunung Muser mapan ing Kiswantoro, Wonogiri. Wektu kuwi kethek ngaku yen paling pinter lan sekti. Rayap kasil ngalahake kesombongane kethek mau. Kethek muring, pucuke gunung ditendhang nganti tugel. Tugelan gunung muser lan tiba dadi gunung anyar.
Pundhen Mbah Kendhil mapan ing Baturetno, Wonogiri, Jawa Tengah. Mbah Khendil nateh mitulungi pangeran Sambernyowo. Kala semana aweh pangan nalikane laskar Sambernyowo keluwen. Ing tembe, Pangeran Sambernyowo males kabecikane. Akeh anak turune Mbah Kendhil sing diangkat dadi priyayi.
Sendhang Siwani mapan ing Selogiri, Wonogiri. Wektu kui enek kebo loro lagi tarung. Kebo sing kalah banjur ngombe banyu sendhang. Sidane sing kalah mau bisa ngalahke musuhe. Sendhang mau banjur dijenengake Sedhang Siwani.
Pangeran Sambernyowo putra Pangeran Ario Mangkunegoro. Dheweke berjuwang nglawan Walanda suwene 16 taun Adhedhasar perjanjian Salatiga, dheweke diangkat dadi adipati. Kadipatene aran Mangkunegaran.
Buku nyritakake mula bukane jeneng Wonogiri. Wektu kuwi Sunan Giri golek kayu kanggo sakaning mesjid. Dheweke tekan ing laladan sing kebak wana lan giri. Laladan mau dijenengake Wanagiri. saiki ketulis Wonogiri.
Mbah Sadiman prihatin amarga alase gundhul. Ora ana tuk saktemah tanduran padha garing. Dheweke banjur nanduri alas gundhul kuwi. Senajan akeh pepalang, Mbah Sadiman ora nglokro. Mbah sadiman tetep ngupaya lestarining lingkungane. Ing tembe, dheweke entuk penghargaan kalpataru.
Dewa ngingu iwak ing blumbang. Nanging, blumbange diileni banyu paceren. Esuke, iwake padha mati kabeh amarga keracunan. Bapak ngendikani carane netralake banyu paceren. Carane kanthi nggunakake enceng gondhok. Sidane, Dewa kasil ngingu iwak neng blumbange.