Mirah diparingi tantangan dening ibune kanggo nggoleki bandha karun telung kothak. Ibu maringi kertas pituduh. Kertas iku isine tembang "Cublak?Cublak Suweng". Mirah kudu napsirake pituduh iku. Mirah ngupaya tenanan nggoleki telung kothak bandha karun sing didhelikake ibune. Ayo, ngetutake gayenge Mirah anggone ngrampungake tantangan saka ibune!
Ting! Ting! Ting! Ponsele Bona muni. Ana pesenan mlebu. Bona nyetater pitmotore. Brum! Brum! Brum! Pitmotore Bona swarane brisik lan ngganggu banget. Apa Bona ngerti iku?
Benu seneng reresik. Omah lan lingkungane Benu resik lan rapi. Nanging, isih ana lemut sing ngganggu ing omahe Benu. Benu bingung, lemut kok isih seneng nang omahe. Benu golek cara supaya lemut lunga saka omahe. Penasaran karo apa sing ditindakna Benu? Ayo, nyemak crita gayenge Benu!