Kinan arep ngrayakake tradhisi ngalungi sapi. Salah sawijining tradhisi ing Jawa Tengah. Kinan nggawe kupat lan lepet akeh. Kuwi panganan khas ing tradhisi ngalungi sapi. Penasaran karo tradhisi ngalungi sapi? Yuh, maca critane Kinan!
Jenenge tradhisi uler-uleran. Tradhisi kang diramekake dening para tani ing Jawa Tengah. Dtindakake sadurunge nandur pari. Biyasane, para tani nggawa panganan akeh. Salah sijine panganan tradhisional sing jenenge uler-uleran. Para tani mangan bebarengan ing sawah. Kanggo mahargya mangsa tandur.
Buncis golek gendhong yaiku tari saka Banyumas. Iben wedi banget karo swara gamelan. Swara gamelan nandhakake Mbah Buncis teka. Mbah Buncis nggendhong Mbah Wira. Rupane Mbah Buncis pancene medeni. Iben ora seneng. Nanging, kenang apa kanca-kancane iben nyenengi dheweke?
Thek! Thung! Thek! Thung! Elok pengin sinau nutu pari nganggo lesung. Eyang Putri ngajari Elok sinambi rengeng-rengeng. Bocah-bocah liyane padha nyedhaki. Padha jejogedan nalika krungu swara lesung. Kabeh bocah iku seneng marang unine lesung. Nanging, ana lho kang ora seneng marang swara lesung. Sapa coba?
Ben, Tedy, lan Joy seneng dolanan alat musik. Tetelune arep dolanan alat musik unik nalika karnaval. Arane drumblek. Drumblek asale saka Salatiga, Jawa Tengah. Tembung “drumblek” asale saka tembung “drum” lan “blek”. Kepengin ngerti kaya ngapa drumblek iku? Ayo melu karnaval bareng Ben, Tedy, lan Joy!
Ranu arep nganakake pagelaran wayang. Dheweke ngundang kanca-kancane. Emane, nalika pagelaran arep di wiwiti, lampu mati. Ranu kedandapan. Kanca-kancane Ranu wedi peteng. Banjur kepriye pagelaran wayange? Apa pagelaran wayange Ranu bakal gagal?
Chelo lan Nidae dolanan ing pinggir segara. Chelo nemu permen coklat. Dheweke menehake marang Nidae.Oalah, bungkus permen mabur menyang segara. Keli kegawa banyu segara. Chelo lan Nidae ngoyak. Sakarone kudu nglindhungi segara saka larahan
Aruna sinau ngunekake biola. Nanging, Nutsing diunekake tansah kleru. Aruna jengkel. Nganti pungkasane dheweke ketemu Pak W.R. Supratman. Semangate Aruna bali maneh. Wah, ngapa ya?
Jenengku Cuaca, Aku duwe jeneng akeh. Jenengku bakal ganti nalika mangsa gumanti. Ayo, tetepungan karo aku!
Jarot iku bocah Suku Kalang ing Jawa Tengah. Jarot lan bapakne manggon ing alas. Jarot kerep weruh bocah-bocah desa. Jarot kepengin kekancan karo bocah-bocah desa. Kepriye carane, ya?