Bapakku dhokter spesialis anak. Akeh pasiene uga akeh sing dodol dolanan. Aku kesengsem karo bakul wayang. Aku banjur ajar gawe wayang. Aku ndherek Bapak seminar ing Bali. Wayange tak dol ing Pantai Kuta. Dhuwite tak aturake Pak Samina bakul wayang.
Anto nyuwun dipundhutake meri. Anto saguh ngopeni dhewe. Anto nggawe lan ngresiki kandhange. Anto uga makani saben dinane. Wusana, bebeke padha ngendhog. Endhoge akeh, tangga teparone keduman.