Tembok ing sekolahe Gilang wis burem warnane. Gilang duwe gagasan supaya tembok kuwi digambari. Nanging, dheweke ora duwe dhuwit kanggo tuku cet. Apa Gilang lan kanca-kancane sida nglukis tembok sekolahe?
Nalika Bada, Ahsan bali menyang desa. Dheweke bungah banget bisa ketemu Simbah lan Kamal. Nanging, rasa bungahe ora suwe amarga ndeleng kali sing reged lan mambu. Ahsan karo Kamal nggawe cuweran ajaib kanggo mbeningake kali. Cuweran ajaib kaya apa, ya? Kepriye olehe nggawe? Ayo, melu nyemak critane sing gayeng iki!
Mirza kepengin dadi penulis. Dheweke kepengin nulis akeh crita kang apik. Dheweke uga kepengin nulis geguritan. Nanging, Mirza mbutuhake pambiyantu supaya bisa nulis crita. Tujune ana Faris kang siap mbantu Mirza. Geneya Mirza mbutuhake pambiyantu kanggo nulis crita, ya?
Sae weruh ana kembang sing rupane biru, mrambat ning pager nganti mlebu cendhela. Kembange akeh banget lan gogrog ngregedi latar. Sae duwe ada-ada, kembang iku arep digawe dadi panganan. Wah, Sae arep gawe apa, ya?
Wulan gemedhe merga cahyane padhang. Wulan nyombongna dheweke maring Lintang karo Mega. Sawijining dina, cahyane Wulan ilang. Wulan nangis nlangsa. Apa sing kedadean maring Wulan? Apa Wulan teyeng sumunar maning? Cahya Wulan kuwe sekang ngendi?
Ning warunge Bu Tini ana akeh panganan werna-werni. Wujude nyenengake lan rasane uga enak. Kabeh amarga resep saka sawijining buku lawas sing ditulis simbah putrine Bu Tini. Ing dina Minggu, Lilo gupuh pengin gage menyang warunge Bu Tini. Wah, ana apa ya?
Simbah mundhutake Danang blangkon. Saking bungahe, Danang nganggo blangkone menyang ngendi wae. Nanging, blangkone ilang nalika kanggo rebutan kanca-kancane. Banjur, ana ing endi blangkone Danang?
Sekaten dadi pahargyan taunan sing dienteni wong akeh, kalebu Binar. Mbah Jono, simbahe Binar sing uga abdi dalem ing Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat, ngajak putune sing ditresnani supaya teka ndeleng persiapan sekaten. Apa wae sing disiapake? Ing kana, Binar uga menehi kejutan marang wong tuwane. Kira-kira apa kejutane? Yuk, melu Binar ing Sekaten!
Glody kangelan golek pangan jalaran ketutupan uwuh. Glody ngresiki uwuh direwangi kanca-kancane, warga tanjang branggah. Jebul guyub rukun kang dilakoni warga iku nuwuhake bebungah. Kira-kira apa ya bebungahe iku?
Amo bocah istimewa. Saben mangkat sekolah, Amo nganggo topi biru karo nggawa bonekah gajah. Mangsane pelajaran Amo ora pernah nggatekna. Amo kerep nggawe rusuh. Batir-batir sekelase ora seneng karo Amo. Ngesuke Amo ora mangkat sekolah. Amo kenang apa? Apa sing bakal ditindakna batir-batire maring Amo?