Mirza kepengin dadi penulis. Dheweke kepengin nulis akeh crita kang apik. Dheweke uga kepengin nulis geguritan. Nanging, Mirza mbutuhake pambiyantu supaya bisa nulis crita. Tujune ana Faris kang siap mbantu Mirza. Geneya Mirza mbutuhake pambiyantu kanggo nulis crita, ya?
Pitik walik saba kebon. Iku kang kudu digawa Dian menyang sekolah. Mula Dian banjur ngoyak-oyak pitik. Dheweke kepingin nyekel pitik iku. Nanging, Dian salah. Pitik walik saba kebon iku pranyata cangkriman. Apa, ya, batangane?
Arya, Seta, Dipa pengin dadi sudagar sugih. Tetelune padha ngumbar menyang tlatah wetan. Padha arep nindakake apa, ya?
Dika duwe dhuwit akeh. Nanging, dheweke ora kepengin jajan. Uga ora kepengin tuku klambi lan sepatu. Dika Kepengin nggunakake dhuwite kanggo liyane. Arep kanggo opo dhuwite Dika?
Ana dhuwit ing mangkok. Hana jajan nganggo dhuwit iku. Jebule, dhuwit iku dhuwit jimpitan. Dhuwit jimpitan ora kanggo jajan. Dhuwit jimpitan iku apa, ya?
Mita ora seneng sekolah. Mita uga ora seneng dolan karo tangga-tanggane. Nanging, alon-alon kabeh malih. Mita wiwit wani kekancan. Dheweke uga dadi seneng sekolah. Kabeh iku kedaden wiwit Mita ajar nabuh piranti gamelan, utamane suling. Kepriye suling bisa ngowahi kabeh iku?