Kepriye rasane menawa lengenmu dadi gedhe sak gada lan kupingmu dadi oren wernane? Bani, kelinci sing seneng mangan wortel. Saking senenge, Bani mangan wortel saben dina. Amarga kuwi, lengene Bani dadi gedhe, kupinge dadi jingga wernane. Kepriye, ya, carane Bani dadi kuru? Apa werna kupinge bisa bali kaya sadurunge?
Awakmu tau weruh kanca tuli nari ing panggung? Jenengku Nara. Iki critaku. Wiwit cilik aku kanca tuli. Aku kepengin banget dadi penari. Aku karo ibuku golek cara supaya aku bisa dadi penari. Akhire, sawijining dina aku ketemu guru nari kanca Tuli. Kepiye, ya, caraku latihan nari karo guruku? Ayo, kancani aku latihan nari!
Iki critane Doni, mbah kakunge seniman barongan sing kagungan kamar wadi. Ngendikane Pakdhe Surip, kamar iku isine ingon-ingone Mbah Kakung. Doni kepengin weruh apa isine kamar kuwi. Doni munggah andha, arep nginceng saka dhuwur. Durung kasil olehe nginceng, Doni konangan. Cilaka!
Apa awakmu tau mangan uler jedhung bakar? Jenengku Ari, iki critaku. Aku ndherek Bapak jaga tegalan. Nalika ing tegalan, Bapak ngajak golek uler jedhung ing pinggir alas. Uler jedhunge arep dibakar kanggo lawuh. Kira-kira kaya ngapa rasane?
Ngarepake mangsa udan, Beni seneng banget. Amarga kuwi wayahe golek ungker ing alas. Beni wani menyang alas jati dhewekan. Beni bisa entuk dhuwit jalaran saka ungker. Kepriye carane?
Bimo seneng diajak Ibu menyang pasar. Bimo mesthi dipundhutake tela keju kesenengane. Nanging, tela kejune cepet banget entek. Bimo kepengin mangan tela keju sing akeh. Kepriye iguhe Bimo?
Aji dicritani menawa Bandi pethukan karo dhemit. Nanging, Aji ora percaya karo critane Bandi. Bengine pas menyang kiwan, Aji ngambu ambu sing nyubriyani. Aji rumangsa wedi. Apa maneh, wektu kuwi udan deres tur mbledheg. Kepriye Aji ngadhepi rasa wedine, ya?
Agus isin. Dheweke ora bisa mangsuli pandangune Bu Guru. Bu Guru ndangu ngenani tambah-tambahan. Agus rumangsa angel anggone mangsuli. Rumangsane tambah-tambahan ora angel. Nanging, nalika angon wedhus, Agus gumun. Ora angel kaya nalikane ing sekolahan. Agus dadi seneng sinau tambah-tambahan. Kira-kira kepriye ya carane Agus sinau?