Bocah-bocah nang desane Kalil seneng maca. Ningen, kabeh padha ora duwe buku. Jarene ana Kuda Pustaka Gunung Slamet. Dheweke seneng nyilihna buku maring bocah-bocah. Ningen, kepriwe carane nyilih buku maring Kuda Pustaka? Kalil kepengin dheweke lan kanca-kanca teyeng maca buku. Melu perjuangane Kalil lan Kuda Pustaka, yuk!
Rombongan dholalak alas Surya arep pentas nang alas sabrang. Koro kepengin nonton. Ningen dheweke ora bisa lunga-lunga. Koro susah pisan. Untunge Dago duwe piranti teknologi. Koro bisa tetep nonton dholalak. Piranti teknologi apa kang deenggo Dago, ya?
Uh, Rio ora bisa ngetung. Untung Rio duwe dhakon anyar. Bisa nggo sinau ngetung. Kira-kira kepriwe Rio sinau ngetung nganggo dhakon, ya?
Wah, nang galerine Paman akeh bathik. Ningen durung kabeh bathik kuwe dadi. Ana sing kurang gambare. Ah, Afia duwe rencana. Moga-moga bisa mbantu Paman. Kira-kira apa rencanane Afia? Apa rencanane Afia bakal kasil?
Razak lan Lea janjian arep nonton Dieng Culture Festival. Bocah loro kuwe uwis nyiapna kabeh pirantine. Ningen, ngapa Razak ora melu Lea nonton? Kamangka, Razak kepengin banget nonton. Apa sing gawe Razak batal nonton, ya? Apa Razak tetep teyeng nonton Dieng Culture Festival?
Preinan teka, kabeh kanca nyiapna rencana plesiran. Ningen, Suhada malah bingung. Kenang ngapa, ya?