Asih sedhih banget amarga payunge rusak. Mbah Kakung ngajak Asih tumbas payung anyar. Jenenge payung juwiring. Asih nglukis payunge dhewe. Apa Asih iso nglukis payunge?
Wulan nduwe ingon-ingon akeh. Ana bebek, kucing, wedhus, terwelu, lan pitik. Nanging, kuthuk-kuthuk ora katon. Padha menyang ngendi, ya?
Ibu bingung amarga Raka ora gelem mangan. Ibu ngajak Raka tumbas endhog godhog. Ing ngendi ya, ibu tumbas endhog godhoge?
Cici ngajak Bebe lan Ruru dolanan bareng. Padha dolanan apa, ya? Ayo, awake dhewe melu menyang omahe Cici.
Koneng ora gelem ngadeg. Kamangka lomba sapi sonok wis arep diwiwiti. Bapak lan aku bingung. Piye carane ben koneng gelem ngadeg, ya?
Ibu tindak menyang kebon. Aku neng omah dhewekan. Ujug-ujug ana suara wong ndhodhog lawang. Swarane banter banger. Sapa kuwi, ya?
Dhug, dhug, dhug. Ana swara aneh saka alas. Aji wedi. Dheweke kudu nggoleki Jalu ing kana. Dhug, dhug, dhug. Swara apa kuwi, ya? Ayo, sapa le wani ngancani Aji?
Uba, Moni, lan Bibi kelangan bal biru. Tetelune nggoleki ing alas banjur kesasar. Bal biru ora ketemu, malah padha keluwen. Wah, ana barang sing katone enak. Apa iki bisa dipangan?
Lili nglilir. Dheweke nggoleki ibu, nanging ibu lagi tindak. Lili nangis banter banget. Piye supaya lili mandheg oleh nangis, ya?