Ning warunge Bu Tini ana akeh panganan werna-werni. Wujude nyenengake lan rasane uga enak. Kabeh amarga resep saka sawijining buku lawas sing ditulis simbah putrine Bu Tini. Ing dina Minggu, Lilo gupuh pengin gage menyang warunge Bu Tini. Wah, ana apa ya?
Mino si cacing lemah kangelan anggone ambegan. Lemah panggonane urip saiki garing banget amarga mangsa ketiga sing suwe. Mino uga rumangsa sepi. Kanca-kancane akeh sing lunga ninggalake Mino. Mino ngarep-arep udane ndang tiba. Kapan, ya, udane tiba?
Asih sedhih banget amarga payunge rusak. Mbah Kakung ngajak Asih tumbas payung anyar. Jenenge payung juwiring. Asih nglukis payunge dhewe. Apa Asih iso nglukis payunge?
Wulan nduwe ingon-ingon akeh. Ana bebek, kucing, wedhus, terwelu, lan pitik. Nanging, kuthuk-kuthuk ora katon. Padha menyang ngendi, ya?
Ibu bingung amarga Raka ora gelem mangan. Ibu ngajak Raka tumbas endhog godhog. Ing ngendi ya, ibu tumbas endhog godhoge?
Cici ngajak Bebe lan Ruru dolanan bareng. Padha dolanan apa, ya? Ayo, awake dhewe melu menyang omahe Cici.
Koneng ora gelem ngadeg. Kamangka lomba sapi sonok wis arep diwiwiti. Bapak lan aku bingung. Piye carane ben koneng gelem ngadeg, ya?
Ibu tindak menyang kebon. Aku neng omah dhewekan. Ujug-ujug ana suara wong ndhodhog lawang. Swarane banter banger. Sapa kuwi, ya?
Dhug, dhug, dhug. Ana swara aneh saka alas. Aji wedi. Dheweke kudu nggoleki Jalu ing kana. Dhug, dhug, dhug. Swara apa kuwi, ya? Ayo, sapa le wani ngancani Aji?