Embah kagungan lemari tuwa ukiran saka Jepara. Lemari iku wis suwe ora dibukak amarga kuncine ilang. Aku dadi adreng pengin ngerti apa isi lemarine Embah. Ngendikane Embah, isine bisa ngelingake kaanan jaman dhisik. Wah, aku sangsaya pengin ngerti. Apa isine bandha karun? Apa aku bisa nemokake kunci lemarine Embah?
Bibo beruang nembe wae panen kedhele. Ujug-ujug Bibo kangen mendhoan gaweane Mona. Akhire, Bibo nekani Mona ning Banyumas. Bibo arep sinau gawe mendhoan karo Mona. Apa Bibo nggawe tempe lan mendhoan? piye carane nggawe?
Aku ora seneng iwak bandeng. Nanging, Bapak malah ngajak aku panen bandeng. Bapak ngajak aku neng bakul iwak bandeng. Jebul ana bandeng sing erine empuk. Kir-kira kenang apa ya, kok ernie bisa empuk?
Tutik entuk ulem ulang tahun saka Lala. Tutik bingung, kabeh sing teka kudu nganggo rok terusan. Nanging, Tutik ora nduwe rok terusan sing apik. Apa bisa Tutik nganggo rok terusan ning ulang tahune Lala?
Akmal seneng mangan apem comal. Nanging, Bimo, sedulure Akmal meden-medeni. Jarene, apem comal kuwi panganane Buta. Apa bener sing Bimo omongke? Piye carane Akmal mecahake apem comal gawe panganan Buta?
Rian pengen tuku sepatu anyar. Tian pengen tuku tas anyar. Bocah loro kui kerja ngumpulake endhog bebek ing kandange Bapak. Sangking semangate, Rian ngidak endhog rong iji. Yen Bapak ngerti opahe bisa dikurangi. Apa Rian kudu ngomong jujur kaleh Bapak? Apa Rian karo Tian bisa tuku apa sing dipengini?
Fatih lan Bapak mara ning omahe Mbah Diran. Fatih kaget weruh ukiran Mbah Diran. Ukirane isih utuh kaya mbiyen. Mbah Diran wis ora ngukir maneh. Kenang apa Mbah Diran ora ngukir maneh? Apa ukirane Mbah Diran ora payu? Apa Fatin bisa ngewangi Mbah Diran?
Pak Owa bosen banget. Dadi kewan wengi, dheweke rumangsa ora nemu kaendahan. Pak Owa mabur golek panggonan endah ing Dieng. Ning Tlaga Warna, Kawah Sikidang. Nanging ora ana kaendahan ing kana. Apa Pak Owa bakal nemokake kaendahan wengi ing Dieng?
Titi lunga menyang Pasar Klewer. Dheweke arep tuku kado kanggo Miu. Kadhone apa, ya?