Kutha Salatiga nganakake arak-arakan ing sasi Agustus. Arak-arakan iku kanggo mengeti HUT RI. Saben kampung kena nampilake kesenian tradhisionale. Salah sawijine kesenian tradhisional Salatiga yaiku drumblek. Apa ta drumblek iku? Ayo, wacanen crita iki!
Sapa sing seneng nganggo bathik? Kenal ora karo pelopor bathik Indonesia? Buku iki nyritakake priyayi kuwi. Ayo, diwaca!
sapa sing seneng yen omahe resik? sapa sing seneng yen omahe temata? Kepriye yen lali resik-resik omah? Apa akibate?
Sapa sing ngerti topeng kertas tradhisional? Kae, lho, sing digawe saka bubur kertas. Kaya ngapa wujude? Ayo. diwaca cerita iki!
Gawe dolanan dhewe saka lempung iku nyenengake. Bisa njalari awake dhewe dadi kreatip. Sapa ngerti uga bisa didol. Kaya lelakone Bagas. Pengin ngerti critane? Ayo, wacanen buku iki!
Eli lan kanca-kancane entuk tugas saka Bu Pita. Tugase yaiku nyelengi seminggu suwene. Kanca-kancane Eli saben dina ngetung isi celengane. Ananging, Eli malah ngumpetake celengane. Eli ora gelem menehi reti sanadyan ditakoni kanca-kancane. Kira?kira pira isi celengane Eli?
Gabi kelangan semangka sing ntas wae dituku. Kamangka, semangka iku siji-sijine pangan sing diduweni Gabi. Gabi luwe. Kanca-kancane ora bisa nulung amarga uga padha ora duwe pangan. Banjur, kepriye nasibe Gabi?
Joni pengin nduwe sawah sing kaya sawahe Iqbal. Ngendikane Bapak, ora bisa. Sawahe seje, ora padha. Joni lagi ngerti yen sawah iku ora kabeh padha. Sawahe Iqbal bisa dienggo ngingu iwak, dene sawahe Joni ora bisa. Joni sedhih amarga ora bisa dolanan iwak kaya Iqbal. Joni uga sedhih amarga ora bisa mangan iwak kaya Iqbal. Menawa kepengin reti crita sabanjure, coba wacanen buku iki,…